Menteri dan TKI : Babu Perut dan Kepentingan

October 30th, 2009 · 4:50 am @ masdan  -  4 Comments

“Menteri karo TKI kan sakjane Podo, gak bedo bedo adoh” Jare Kliwon ngawiti jagongan nyang Warteg sanding Kampus.

“Maksudmu ?!?!? ”

“Lha Bayangno dewe tho, sakjane menteri kuwi lak asline yo Jongos, Pembantu, Kuli,  Semono ugo TKI”

“Tapi kan Panggah Bedo” Aku Nyaut omongane Kliwon

“Opone Sing Bedo njajal ?!?!? ”

“Yo Bedo lah, didelok teko endi wae panggah ketok bedane. Tugase Bedo, Jabatane Bedo, Kedudukane Bedo, opomaneh nek didelok teko Gaji lan Tunjangane, Jelas Bedone Adoh … ”

“Kuwi ndeloke lak Nggawe Motomu, moto sing gawene kanggo ndelok maksiat thok, dadine yo ngono .. Tapi njajal delengen neh, menteri kuwi Asline jongose Presiden, isone manut nurut karo sabdone Presiden, nek Presiden Muni Ngene, Menterine yo Kudu Ngene, gak bedo adoh karo TKI  sing isone mung nurut opo sing di kongkon Majikan, Nek Gak Manut iso iso di Pecat, malah iso luwih medeni, goro goro gak manut, TKI ne iso disikso sampek Matek. Nek Menteri, bar dipecat biasane panggah oleh Jabatan liyo, mbuh wi dadi Komisaris BUMN A, BUMN B, C, D, malah iso iso dadi Duta Besar nyang Ngamarto, Pringgondani, Wiroto, Madukoro lan sak piturute, cumak kuwi bedane …  ”

“Yo Ora Ngunu, ….”

“Lanek Gak Ngunu Piye ?!?!? ”

“Menteri kan Terhormat, diangkat Karo Presiden …” Kliwon panggah tak engkel …

“Maksudmu TKI ora gaweyan sing Terhormat, Gaweyan sing olo sing kudu dipisuhi ?!?!? Ngunu ?!?!? Gundulmu kuwi .. ”

“Ora Ngunu Maksudku ..”

” Jabatan Menteri Pancen Terhormat, tapi nek jabatan kuwi gak dilaksanakne miturut aturan sing nyoto yo dadi ora terhormat maneh. Semono ugo TKI, wong sing dadi TKI kuwi kan tujuane mulyo, Pengen nguripi Anak Bojone sing ditinggal nyang omah, sing njerit-njerit Keluwen, sing nangis goro-goro ora iso sekolah, opo kuwi ora terhormat, malah negoro iki jek iso mbayar gajine Menteri salah sijine yo goro goro usahane TKI. Dadi, sing wis dadi menteri yo ojo kesenengen sampek jingkrak-jingkrak lali gaweane, lan sing kepekso dadi TKI gak perlu sentrap-sentrup nyalahne nasib, nyang papan ndi wae kabeh uwong iso oleh kamulyan …

” La Tapi Menteri kuwi kan ditunjuk langsung karo presiden, dadi yo panggah Mentereng Menteri tho .. ”

” Mentereng ora Mentereng kuwi relatif, TKI kuwi Njongos goro-goro wetenge ngongkon ngunu, wis gak enek pilhan maneh. Lanek Menteri, Njongos goro-goro enek “Kepentingan” thok …. tapi, sejatine menteri karo TKI kuwi podo, tunggal pangerten, Mulakno, Menteri karo TKI kudu rukun, saling mbantu. Nek TKI ne enek Masalah yo kudu di ewangi karo menteri sing bagian ngurusi masalah TKI, misale nek enek TKI sing disikso nyang Negoro liyo, paling gak yo kudu di wenehi advokasi hukum sing sak mestine, ora malah diumbar babar pisan”

“La terus, nek menterine enek masalah piye ?!?!? misale direshuffle karo Presiden, Jaremu kemaeng kudu saling Mbantu”

“Yo Presidene di Demo ae … Coro nggawe itungan Matematika, Mosok TKI sing ewonan kuwi gak wani musuh wong Siji … iyo gak ?!?!? ”

“Ngawur Kowe iki …”

Kliwon Menyungut …

Tags: ,

4 Comments → “Menteri dan TKI : Babu Perut dan Kepentingan”


  1. Jidat

    10 months ago

    hahaha ternyata eh ternyata


  2. afwan auliyar

    9 months ago

    lama gak mampir :) :hi: :hi:


  3. suwung

    9 months ago

    penake piye diriku melok we


  4. ma6ma

    8 months ago

    sesama babu dilarang saling menggangu bos. ehehehe… .


Leave a Reply

:hi: :ngamuk: :keren: :ngudut: :ngayal: :haa: :woi: more »