“Jancuk !!!, Lha Mosok Budaya sing wis Karoan Nggone Indonesia Koyok Tari Pendet kuwi yo jek di aku-aku nggone Kono, Opo ora ndeleng sakjane.” Kliwon Bengak Bengok.
“Weleh Weleh iki maneh, Kabeh Sing Tak Rungokne Kok Malah Ngelek Ngelek Negoro Liyo, sakjane Ora Usah dielek elek, nek pancen Asline elek bakal kethok eleke kok”
“Kowe Ngomong Opo ??, Maksudmu Opo Omong Ngunu ?!?!” Kliwon Mbantah
“Ora Maksud Opo Opo kok, Nek Aku malah Seneng enek Budayane Dewe Sing didaku karo Negoro Liyo”
“Jawamu piye sakjane, Pancen Sableng Tenan Kowe. Lawong Budaya Dewe didaku daku wong liyo kok Malah Seneng”
“Lha Ora Seneng Piye tho ?, Budayane dewe didaku negoro liyo kuwi tandane nggone dewe luweh apik utowo luweh duwur nilaine tinimbang budayane liyo, Budayane Negoro Sing Ngaku Ngaku Kuwi. Buktine, Sing Ngaku Ngaku kuwi Luweh Bangga nek Nggawe Budayane Dewe, Iyo Gak ?!?!, Masalahe, awake dewe iki sakjane nduweni budaya sing adiluhung, tapi jarang sing gelem nguri-nguri, saitik sing gelem Ngramut, opomaneh sing gelem nglestarikne”
“Adiluhung yo adiluhung, Duwur yo Duwur, tapi nek wis di aku-aku negoro liyo ngunu kuwi opo wis ora kliwatan tho, opo wis ora ngidek ngidek Harga dirine Awake Dewe” Kliwon Panggah Mbantah.
“Kliwatan Seh Ora, Malah nek wis diaku-aku negoro liyo kan kabeh wargo masyarakat, kabeh menungso, kabeh Penduduk Negoro iki podho bondong-bondong pengen ngerti opo kuwi Tari Pendet Misale. Koyok Kadadean sing ndisik kae. Iling Gak ?!?! PAs Reog diaku-aku Negoro liyo, kabeh podo mencak-mencak, kabeh podo ngomongne Reyog Ponorogo, Kabeh podo lomba-lomba ngenekne acara sing hiburane Reog Ponorogo. Reog Ponorogo sing gak pernah diperhatikne, ujug-ujug di ekspose, kanggo mbuktekne nek Reog kuwi asli Indonesia.. ”
“Dadi Maksudmu kuwi Budayane Awake Dewe Gak Tau Diperhatikne ? wis Gak Di Uri-Uri MAneh ?! Lagek Diperhatikne nek ENek sing Ngoyok ?!? Ngunu ?!?!?”
“YO Kuwi Maksudku, AKu Malah Seneng Nek Kabeh Budoyone Awake Dewe Kuwi Diaku-aku Negoro Liyo, Dadine Kabeh Budayane Dewe Bakal Diperhatikne Neh, Bakal Panggah Lestari. Ora muk Reog, Rasa Sayange karo Tari Pendet Thok ”
“Halah, Kuwi Kan Pikirane Wong Sing Pesimis…”
“Yo Ben tho diarani Pesimis, sing penting Budoyone Awake Dewe Panggah Lestari, Mbuh Sopo Sing Nglestarikne. Nek Sing Nglestarikne Kuwi Negorone Dewe Yo aku Luweh Alhamdulillah, Luwih Syukur Karo Gusti Kang Murbeng Dumadi”
“Omongo Dewe Cuk !!! ” Kliwon Misuh Misuh …
Raffaell
1 year ago
So ?? jadi budaya Indonesia jgn di cuekin aja makanya
Wongndeso
1 year ago
masdan
1 year ago
@ Raffaell : SAyah Belajar Untuk Tidak Mencuekkanya, Semoga Yang Lain Juga ….
@ Wongndeso : Sekarang Waktunya Praktek, Bukan Belajar Lagi. Soale Sudah Banyak Yang Bangga Pake Budaya Negara Lain … Nggak Perlulah sayah Sebut Contohnya ..