“Ngreyen” Blog

September 10th, 2008 · 4:21 am @ masdan  -  4 Comments

Kalo mau Makan, baca bismillah

Sesudah Makan, Alhamdulillah

kalo mau Ngeblog, Baca Bismillah

Sesudah ngeblog, Ngapain Lagi…???

Pahing : Ngaco Nyanyinya..

masDan : Yo Ben tho, biarin. emang lagi “mathuk” kok situasinya.

Pahing : Mathuk Gundulmu Kuwi. Lawong Suaramu ancur ancuran Koyok Ngono, ngelek ngelek lagune Rhoma ae ..

masDan : iki lambene Sopo ?

Pahing : Lambemu

masdan : Lha Nek Ngono Yo Sak karepku Tho. mbuh aku arep Nyanyi, Arep ngomong opo wae yo panggah terserah aku dewe tho hing.

Pahing : yo yo. Tapi Nek Gak Percoyo yo takokó Kliwon kae lho. iyo Opo Ora Won ?
Pahing : Won

*Kliwon Gragapan tangi turu bar dicelok pahing.

Kliwon : iyo Opo ? ngganggu wong Turu Ae..

Pahing : Woalah, we kemaeng Turu tho won. andiku lak yo ngrungokne masDan kemau bengak bengok moco bismillah.

Kliwon : Yo Apik Tho Nek Ngono.

Pahing : Apik dengkulmu kuwi.

masdan : wis wis wis. ora usah protes neh Hing. nek ra seneng Yo Wis. Sing Penting Kanggo Ngreyen Blog Iki aku tak moco Bismillah Dhisik..

masDan : Bismillah.

Kliwon : diterusne tho..

masdan : Bismillahirrokhmaanirrohiim.

Pahing : Mengko Dhisik.. Awakmu kemau ngomong Opo ?? Ngreyen ??

masDan : Iyo. Nyapo Neh ??

Pahing : Ora. Ora Nyapo Nyapo. Tapi, Ngreyen Kuwi Artine Opo Tho ?

Kliwon : Woalah hing pahing. Ngreyen ae gak Ngerti kuwi piye. Ngreyen kuwi lak yo ngawiti nggawe barang sing anyar tho. misale awakmu tuku sepedah anyar . Lha pas pisanan awakmu nggawe kuwi jenenge ngreyen.

Pahing : Wo ngono Tho.

masDan : Iyo. Mulakno Awakmu Yo Kudu Melok Moco bismillah. Lawong Kowe yo melok Posting nyang blog Iki No.

Pahing : Yo Wis. Ayo dibaleni neh.

Kliwon : Ayo, nek Ngono aku ae sing mimpin.

Kliwon : Siji, Loro, telu

masDan, Kliwon, pahing : Bismillahirrokhmaanirrohiim.

4 Comments → ““Ngreyen” Blog”


  1. Hari

    1 year ago

    Cah Endi Iki ?
    *Langsung Pergi


  2. masDan

    1 year ago

    @Hari : Cah Nganjuk.

    Tes Tes Tes :p


  3. annosmile

    1 year ago

    baca2 posting lama bro
    he3x..
    lucu…


  4. djati widodo

    1 year ago

    Hebat, baru reyen pengunjungnya sudah banyak. Minta ijin saya copy postingan anda buat referensi cara bikin posting yang enak dibaca. Teimakasih.


Leave a Reply

:hi: :ngamuk: :keren: :ngudut: :ngayal: :haa: :woi: more »